Senin, 30 Agustus 2010

SESORAH

Pangertosan Bab Sesorah
Sesorah utawi tanggap wacana inggih menika ngendika wonten ing sangajengipun tiyang kathah. Bakunipun, menapa ingkang kawedharaken kedah nggadhahi ancas utawi maksud ingkang gumathok.
Ancasipun tiyang sesorah saged kaperang dados tiga, inggih menika:
1. kangge ngaturi/ paring pangertosan
2. kangge paring pitutur
3. kangge ngajak para pamiarsa supados nindakaken satunggaling bab kados ingkang dipunsuwun dening pamedhar pangandikan (persuasif)

Tata urutaning/ rantamaning sesorah:
1. Salam pambuka
2. Atur pakurmatan
3. Atur syukur
4. Wosing gati/ isi
5. Pangajeng-ajeng
6. Wasana/ panutup

Tuladha Sesorah saking Wakil Siswa ing Adicara Halal bihalal Sekolah

TULADHA SESORAH SAKING WAKIL SISWA
Assalamu’alaikum wr.wb
Nuwun, (1)
Bapak Kepala Sekolah SMA N 10 Yogyakarta ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Ibu guru saha karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca ingkang tansah bagya mulya. (2)
Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung, katilik ing wekdal menika kita sedaya saged manunggal pepanggihan ing papan mriki kanthi rahayu wilujeng nir ing sambikala. (3)
Keparenga kula ingkang piniji minangka wakil saking para siswa, ngaturaken sugeng riyadi, nyuwun pangapunten sedaya kalepatan kula sakanca dhumateng Bapak Ibu guru dalah karyawan SMA N 10 Yogyakarta. Mugi Gusti Ingkang Maha Welas saha Asih nampi pangapunten kula lumantar panjenengan sedaya. Mugi-mugi ugi katampi amal ibadah kita, tansah kaluberaken ing karahayon, kabagyan, lan keslametan dhateng kita sedaya. Amin. (4)
Kula nggadhahi pangajab mugiya acara menika dados sarana nglebur dosa antawisipun sesami, ingkang rumaos lepat boten kaambali malih ing wekdal candhakipun. Awit kalepatan, dosa, lan khilaf menika sandhanganing tiyang gesang, sumangga kita sedaya tepa salira, amrih gesang kita tansah bagya mulya. (5)
Cekap semanten atur saking kula, menawi wonten kaduking wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih Bapak Ibu guru, karyawan sarta para kanca, kula nyuwun agunging pangaksama. Nuwun. Wassalamu’alaikum wr.wb (6)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar