Selasa, 31 Agustus 2010

Pengalaman pribadi


Pengalaman Pribadi
        Pengalaman iku sawijining prastawa kang wis tau dialami. Micara babagan pengalaman pribadi iku warna-warna. Ana pengalaman pribadi rikala lagi melu kegiatan kemah, piknik, perpisahan, seminar, liburan sekolah, lan liya-liyane.
       
SEMAR MESEM
      KEDADEYAN iki wis sauntara suwe yaiku ing kiwa tengene taun 1985, nalika iku aku lagi kelas siji SMP. Yen kelingan iki aku sok-sok mrinding dhewe. Nalika kuwi sekolahanku arep nganakake Karya Wisata sing kudu dieloni murid-murid sak sekolahan Ian didhampingi guru waline dhewe-dhewe.
Karya Wisata iku wis dadi agenda tahunan kang dileksanakake pas dina liburan utawa preinan cawu.Dene tujuan karya wisata wektu kuwi ana ing dhaerah Istimewa Yogyakarta, kayata ing Candhi Borobudur, Kraton, Malioboro lan Pantai Parang Tritis.
Krungu yen arep ana Karya Wisata bocahbocah rasane padha seneng Ian surak-surak amarga arep piknik, bisa ngenggar-enggar ati lan ngilangi stress. Amarga sasuwene iki ing sekolahan mung diwulang mata pelajaran Ian ulangan-ulangan kang marakake sirah dadi mumet. Nalika wayahe murid-murid padha arep mangkat karya wisata kabeh padha ngumpul ing sekolahan. Ana wong tuwa murid sing pengin melu. Alesane durung tega ngeculke putrane. Sadurunge padha mangkat dolan murid-murid padha ngumpul Ian sembahyang nyuwun keslametan marang Gusti Allah wiwit mangkat nganti mulih ora ana apa-apa ing ndalan.
Ing njero bis bocah-bocah padha senengseneng Ian gojeg karo kanca-kancane. Ana sing
nyanyi, ana sing nggawa gitar Ian gitaran Ian uga ana sing guyon barang.
Bisa mlaku kanthi anteng Ian sing dijujug pisanan obyek wisata Candhi Borobudur. Ing kono murid-murid padha ngunggahi undhakundhakan Ian lancar ora ana alangan sawiji apa. Semono uga tekan ing Kraton padha serius ngrungokake pemandhu kang maringi katrangan bab isining Kraton.
Kanca-kanca katone durung kesel. Sawise rampung diterusake nglencer ing Malioboro. Sawise ing Malioboro rombongan nutugake laku menyang Pantai Parangtritis. Bocah-bocah saya seneng atine amarga bisa dolanan Ian oyakoyakan karo kanca-kancane neng pinggir pantai, ora lali padha potret-potretan barang.
Ora kari kelas loro padha uga potret-potretan nyang pinggir segara ana sing eksyen ngguyu, njaluk gendhong mburi kancane. Sajroning asyik potret-potretan kuwi bocah-bocah kelas loro padha krungu swara "Mbok aku melu" ngono kuwi ping bola-bali nanging ora ana sing njawab, amarga digoleki ngiwa nengen ngarep mburi, ndhangak ndhingkluk ya ora ana wujud apa-apa. Pungkasane padha ora direwes karo bocah-bocah kuwi. -
Bareng wektune wis ngancik-sore muridmurid ya wis katon padha kesel, padha siyapsiyap arep mulih menyang omahe dhewe
dhewe. Nyang njero bis bocah-bocah terus padha golek nggon dienggo turu, ana sing sendhen kancane, ana sing turu, nyang pangkone kancane karo ngorok Ian ditambahi gawe pulau alias ngiler. Wah wis pokoke dha pating slebar. Bocah-bocah ana sing ngganyik barang. Jarene entuk kenalan cowok utawa cewek kece.
Sawise bocah-bocah padha entek preine Ian padha mlebu sekolah, murid-murid padha umyeg ing kelase dhewe-dhewe. Karo nonton asile olehe padha dolan menyang Yogya dhek preinan kae.
Ing salah sijine kelas loro bocah-bocah padha kaget amarga potrete sing padha eksyen dhek emben ing Parang Tritis kae ora ana. Sing ana malah potrete Semar sing lagi mesem. Semare kuwi nganggo klambi lengkap kaya ing pewayangan kae. Pokoke pakeyan kebesarane Semar, ya nganggo kupluk sing ana kuncunge, klambine ya kae sing sok dienggo yen pinuju ana pisowanan ing Kraton.
Bocah-bocahe sing padha potret ora ana siji-sijia sing ana ya mung kyai Semar sing lagi mesem kuwi mau.
Bocah-bocah dadi kelingan yen wektu kuwi padha krungu suwara "Aku melu" nanging padha ora ngerti Ian ora direwes. Dadi Semare ya terus mejeng dhewe Ian bocah-bocah genti ora direwes ora oleh potret*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar